Select Page

Aku lungguh karo nyawang buku lungset kang gumlethak neng ndhuwur meja. Pitakonku durung entuk wangsulan. “Apa bener yen sastrawan iku wong ora waras kang dianggep duwe kaluwihan?” Buktine senajan gagasane ora bisa dinalar tetap dimaklumi. Contone kaya sedulurku Keliek S.W. alias Keliek Sugih Arto Warisan iki. Dheweke sastrawan kondhang. Senajan angen-angene nggladrah kaya wong edan, tetep disenengi wong akeh. Supaya luwih percaya coba gatekna ceritane.

“Kakehan Dhuwit Kudu Dibuang!”

Weladalah… iki mesthi wong ora waras pikirane. Saora-orane gunemane wong sing lagi mendem. Utawa wong edan sing kasep ngombe obat. Piye ora tak anggep wong edan, nalika wong liya lagi padha niba tangi golek dhuwit sak akeh-akehe malah omongane ora nggenah.

Ora bisa ditampa nalar kanggone wong lumrah. “Yen kakehan dhuwit kudu dibuang tinimbang ora genah arep dinggo apa”. Edan ta?

Aku ora perlu mumet mikir omongane wong edan Wis ben piye karepe. Sing penting aku ora ketularan edan Senajan kalawancine slenco ing panemu. Kadhang malah nggregetake. Yen diarani kaya wong edan malah cengengesan. Jarene aku luwih nemen. Omongane isih tak eling-eling.

“Kowe kuwi malah luwih nemen tinimbang aku.”

“Nemen piye?”

“Aku mung dianggep kaya wong edan. Nanging yen kowe genah, wong edan balungan kere.”

“Trondholo..”

“Ora sah nesu, wong nyatane ya tenan. Upama kowe waras mesthine ora gelem kekancan karo aku. merga aku kok anggep wong edan. Balungan kere wis genah, buktine tekan saiki isih tetep kere.”

“Wis menenga. Aja nrecet kaya bethet luwe.” Senajan tak getak, dheweke ora nesu malah ngguyu lakak-lakak.

Dina iku aku dolan neng omahe kanca SMP. Omahe neng desa Ploso wewengkon kabupaten Gunungkidul. Sugih Arto jenenge. Wonge prasaja. sregep megawe lan ora neka-neka. Omahe ya mung ketok biasa. Omah kampung modhel ndesa. Dudu omah gedhong magrong-magrong kaya omahe wong sugih. Alon-alon tak thothok lawange karo uluk salam. Sugih Arto apal swaraku, mulane banjur mangsuli.

“Ndang mlebu wae. Lawange ora tak kunci.” Ora mikir dawa, lawang banjur tak bukak. Lagi ngangkat sikil meh mlebu omah, mripatku nyawang kahanan kang gawe kaget. Mak jegagik! Aku mandheg sanalika, Aku semlengeren nyawang dhuwit tumpukan pating glethak neng kursi.

Sugih Arto lungguh neng kursi dawa karo mesem nyawang aku. Eseme tulus lan ora digawe-gawe, nanging dina iku rasane kaya ngece. Sing gawe aku rumangsa diece lan ora penak., merga nyawang dhuwit pating glethak neng sacedhake Sugih Arto. Gunggunge ora baen-baen. Udakara yen mung setengah milyard wae mesthi ana. Aku isih semlengeren, nalika dheweke mbagekke lan ngakon lungguh.

“Ndang lungguh., aja bingung kaya sapi ompong Pangucape sajak ngece. Pancen wiwit biyen, saben ketemu mesthi seneng gegojekan lan poyok-poyokan. Sugih Arto isih mesem nyawang aku sing salah tingkah. Supaya ora katon ingah-ingih aku melu mesem karo salaman banjur lungguh neng kursi kang kebak tumpukan dhuwit. Sawise bage binage lan ngabarke keslametan, aku kudu terus terang. Rasa ora penak sing tak simpen neng jroning dhadha wiwit mau kudu tak blakakake. Aku mencak-mencak merga rumangsa diece. Dheweke pamer dhuwit pirang-pirang atus juta merga ngerti yen tekan saiki uripku isih kesrakat. Tetep kere.

“Sepurane ya. Aku kudu omong jujur neng ngarepmu yen sejatine awakmu kurang ajar. Biadab…!” pangucapku tanpa tedheng aling-aling. “Ketoke awakmu kanca apik, nanging jebule atimu buthek kaya banyu peceren. Sesongaran pamer bandha.”

Sugih Arto nanggapi omonganku kanthi sareh. Ketok luwih wicaksana tinimbang wong waras. Dheweke ora kepancing nesu, nanging malah ngreripe supaya aku sabar sawetara. Merga ngrumangsani dadi tamu. mula aku kudu ngajeni sing duwe omah. Tumrape wong Jawa ora prayoga ninggalke suba sita. Bareng wis mendha rasa muntap jroning dhadha, dheweke njlentrehake apa kang dadi karepe. Sugih Arto pancen sengaja njupuk dhuwit tabungane sing ana bank gunggunge setengah milyard. Jebule pancen sengaja njupuk arep diwenehke aku. Krungu omongane sing dharik-dharik. aku ndhingkluk rumangsa isin nanging uga ora bisa nyimpen rasa bungah.

“Merga dhuwitku turah lan kowe niba tangi golek dhuwit ora nate cukup, karepku arep tak wenehke kowe. Aja kok anggep aku wong edan. Aku sadhar lan ikhlas, kok. Mbokmenawa anggonku adum rezeki marang sedulur sing mbutuhake pancen kasep. Nanging timbang ora babar pisan tak kira luwih becik.”

Aku mlongo setengah ora percaya. Sugih Arto sajak ora perduli kaya ngapa gorehing atiku. Rasane campur adhuk ora karuwan. Dheweke isih ngecipris neruske omongane. Aku tambah ora kepenak, bareng omongane semu nuturi. Senajan ora ditujokake marang aku, nanging aku bisa rumangsa.

“Manungsa minangka ciptaane Gusti Allah kang paling mulya lan luhur bebudene kudune ora mata dhuwiten. Direwangi niba tangi mung merga dhuwit. Malah direwangi nyolong barang. Ana maneh sing wis dibayar negara barang isih dadi koruptor. Tegel ngembat dhuwite rakyat. Kudune manungsa isin karo pitikku. Pitikku sing ana kandhang kae ora doyan dhuwit. Tahu tak coba tak sebari dhuwit atusan ewu. Karepku timbang repot ndadak tuku jagung. Jebule ora dipangan babar pisan. Dhuwit atusan ewu mung dieker-eker banjur diteleki. Aku dhewe isin karo pitik merga rumangsa serakah. Numpuk dhuwit neng bank ngnti pirang-pirang milyard nganti ora bisa ngentekke. Aku numpuk dhuwit nanging ora duwe tujuan arep tak nggo ngapa. Lha arep tak nggo ngapa wong kabeh kebutuhanku wis cukup. Anak-anakku kabeh wis tak modhali. Mulane aku mikir yen apike dhuwitku sebagian kudu tak buang, timbang turah ora ana gunane. Ndelalah kowe teka. Yen kowe butuh gawanen, dene yen wis ora butuh guwangen. Dadi aku ora ateges menehi awakmu wong niatku arep mbuang dhuwit, mulane ora sah matur nuwun karo aku. Ora sah rumangsa kabotan budi. Muga-muga dhuwit kuwi migunani kanggo uripmu.”

Senajan maune rumangsa isin, bareng tak pikir-pikir luwih becik dhuwit enggal cepet-cepet tak adhahi kresek. Mumpung Sugih Arto isih loma atine. Aku banjur pamit karo nggawa dhuwit setengah milyard. Ora lali aku ngaturke maturnuwun kang tanpa upama marang Sugih Arto. Angen-angenku mabur dhuwur. Dhuwit iki bisa tak nggo tuku mobil utawa seneng-seneng. Nanging aku ora entuk srakah. Isin karo pitik. Mulane saperangan arep tak dumke tangga teparoku.

Tekan omah aku pingin enggal-enggal andum dhuwit marang tangga teparoku ben ngrasakke melu seneng kaya sing tak rasakke. Nanging kaya ngapa kagetku. Dhuwitku ana ngendi? Getunku kepati-pati. Trondholo, jebule aku mung ngimpi. Dhasar wong edan
balungan kere.

Dening : Budi Hantara, Guru SMPN I Ngawi

Share and Enjoy !

Shares